Ingkang
 kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu 
luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo
 kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung 
ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo
 dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan
 sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 
ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru
 ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan 
menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos 
kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing 
pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang -
 rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi 
wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan 
sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan 
mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken 
sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun
 kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi
 sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. 
Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu 
kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - 
rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb.
Contoh Teks Pidato Lainnya:

